Pages

Subscribe:

Selasa, 24 Juli 2012

SERAT TUNARBUKA KANGGE SUTRESNA KABUDAYAN JAWA

Kula nuwun.
Assalamu 'alaikum warahmatullahi Wr.Wb.
Salam rahayu wilujeng kagem kita sedaya.

Ingkang minulya para sutresna kabudayan, khususipun sutresna kabudayan jawa, kanthi serat punika, kula pengurus Musyawarah Guru Mata Pelajaran Basa Jawa SMP ing wilayah Jember Kidul, ngaturi priksa bilih wiwit dinten punika, Selasa 17 Juli 2012, kula sawarga sowan ing ngarsanipun panjenengan sami, saperlu mbangun utawi ngawontenaken 'komunikasi' dhumateng sedaya pihak, kangge pambudidaya ngrembakaken, nglestarekaken kabudayan jawa khususipun basa Jawa ing wilayah Jember, wilayah nusantara utawi wonten pundi kemawon basa Jawa dipun pigunaken, kanthi sarana web utawi web. Kanthi punika, kula sawarga nyuwun dhumateng para sutresna kabudayan lan sedaya pihak, mugia kersa paring kawigatosan, kritik lan utawi saran ingkang mumpangati kangge tujuan kawula kasebat.

Kula kinten, kangge amurwakani atur cekap semanten rumiyin atur kawula. Menawi wonten salah ing atur kawula nyuwun agunging samodra pangaksami

Wasalamu 'alaikum Wr. Wb
Kepareng kanthi sagunging karahayon. Nuwun.

Pengelola Blogger MGMP Basa Jawa Jember

Drs. Yudo Gunarto

0 komentar:

Posting Komentar